Sesorah : Dinten Pendidikan

Sesorah (tentang hari Pendidikan)
 
“Dinten Pendidikan”

Assalamu’alikum Wr. Wb.
Panjenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang minulya. Panjenenganipun Bapak saha Ibu Guru ingkang kinurmatan. Para kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin, mangga sami sesarengan ngunjukaken raos sukur dhateng ngarsa dalem Pangeran ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringi kamirahan sarta karahmatan, satemah ing wekdal menika kula panjenengan sedaya saged makempal manunggal sesarengan ngawontenaken pengetan Dinten Pendidikan Nasional. Wonten ing dinten menika kula badhe medhar sabda ukaranipun inggih menika Pendidikan.

Sinten kemawon, temtu kagungan pajangka. Gesang tanpa idham-idhaman, sami kaliyan tiyang kekesahan boten gadahi tujuwan. Kula yakin, bilih idham-idhamanipun saged kasembadan kedah nggadahi ilmu pengetahuan ingkang katah.

Saderengipun mangga kula panjenengan sedaya ngemot-emot jasa Bapak Pendidikan inggih menika Bapak Ki Hadjar Dewantara. beliau lahir wonten ing Yogyakarta, tanggal 2 Mei 1889. Sarta tilar donya wonten ing Yogyakarta, tanggal 26 April 1959. Bapak Ki Hadjar Dewantara inggih menika pelopor pendidikan kagem tiyang Indonesia saking zaman panjajahan Belanda lan Beliau pendiri perguruan Taman siswa, lembaga pendidikan ingkang nyaosi kesempatan kangge tiyang alit supados saged pikantuk hak pendidikan, sami kaliyan para priyayi utawi tiyang-tiyang Belanda. Taman siswa menika nggadahi semboyan inggih menika “Ing ngarsa sung tuladha, Ing madya mangun karsa, Tut wuri handayani”. Tanggal lahiripun saniki wonten ing Indonesia, dipengeti kanggem Dinten Pendidikan Nasional.
 
Para sedherek ingkang minulya, wonten ing zaman sampun modern menika pendidikanipun sampun maju, kasarengan didherekaken kaliyan teknologi ingkang maju. Teknologinipun langkung migunani tumrap kula panjenengan sedaya yen diagem kanthi sae.

Para sedherek, kagem nggayuh idham-idhaman kula panjenengan sedaya kedah nyaket dhateng Allah Ingkang Maha Agung, nyuwun tambahing donga pamujinipun bapak kaliyan ibu, sregep sinau, mituhu piwucaling guru saha bapak ibu, ngginaake wekdal ingkang sasae-saenipun.
 
Mugi-mugi kula panjenengan sedaya saged dados lare-lare didik ingkang migunani kangge bangsa lan negara. Amin.

Akiripun, mbok bilih wonten kasar ing atur saha kladuk ing solah tingkah tuwin kalepatan, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Alasan Mengapa Kelvin Dijadikan Satuan Suhu Internasional

Program Menghitung Jumlah dan Rata-Rata Bilangan Ganjil Genap Pascal

Procedure Parameter Luaran Menghitung Rata-Rata Pascal (coding)